36 CONTOH GEGURITAN(PUISI) BAHASA JAWA
Lintangku
Dening
: Achmad Reksa Billah
Lintang wis dadi
srengenge
Cahyane kerasa luwih
padhang
Luwih panas lan
mencorong
Nanging saiki
Aku ora bisa nyawang
suwi
Ora bisa ndilu endahmu
maneh
Sekolahku
Dening
: Adista Ayu Cindani
Sekolahanku…
Panggonan anggonku
golek ilmu
Sekolahanku…
Diwulang dening
Bapak-ibu Guru
Sekolahanku…
Sinau,
maca buku
Ing
Panggonan iki
Aku
diajari supaya karo wong tuwaku kudu bekti
Ing panggonan iki
Aku diajari marang
kanca aja srei
Diparingi PR kanggo
gladhen
Kanggo sangu urip ing
tengahing bebrayan
Panutanku
Dening
: Ahmad
Panutanku..
Ora peduli sepira
gedhene alangan
Jenengan tetep nyebarke
ajaran
Ajaran kang sampurna
Ajaran saka Sing Kuasa
Panutanku..
Pasuryanmu
ngalahi padhange rembulan
pituturmu
isa gawe tentreme kahanan
Alus
nanging teges
Panutanku..
Panutane wong kang duwe
iman
Wong kang yakin marang
Pengeran
Penginku niru sipat
becikmu
Muga muga pandunga lan
salam diwutahake marang awakmu
Nyawiji
Dening : Alifinda Berliana P. H
Naika rasa rumangsa wus musna
Tumrap sedayaning priyangga
Prakara siji sing beda bisa nyulut geni amuk tanpa tata suba sita
Ananging Gusti Pangeran punika welas asih
Maringake kita, umat islam, pangiket
Ukara tauhid kang mapan sajroning ati
Nyawiji dadi siji
Iku cirine umat Kanjeng Nabi
Sareng, makempal ora kerana
donya lan isine
Amarga nyengkuyung mbangun negara
Urip tentrem kanthi
landhasan agama
Seni Indonesiaku
Dening
: Anggarani Ismi P.
Lenggak-lenggok
para estri
Eseman
manis dipun tingali
Dados
Pandhelengan ingkang adipeni
Mlampah
enggal nyenengke ati
Duh
budayaku.....
Tembangmu
sinebar lestari
Paningal-paningal
landhep saking penari
Gong
tinabuh bebareng gamelan
Jarik-jarik batik
diagem
Katon enggal lan adhem
Werna-werni agawe
padhang ing bumi
Budaya nuswantaraku
lestari

Dening:
Anisatun Khusnul Khotimah
Bapa ...
Tetese ringet ora kok
gatekake
Balung tua ora kok
rasakake
Rengkek-rengkek mlaku
nyambut gawe
Sega sajumput kok
goleki
Kain sasuwek kok
dondomi
Papan rubuh kok dandani
Wayah udan budhal
nandur pari
Wayah panas budhal
nggolek iwak teri
Nadyan getih kacucuran
ana ing ngendi-ngendi
Duwit satus repes kok
klumpukake
Iku kabeh kok tindakake
Mung kangga eseme anak
putune
KELASKU
Dening
: Arga Fahrizal P.
Oh kelasku....
Kahanane rame baanget
Hawane sejuk
Kipase ana loro
Larena sami rame-rame
Kelasku..
Panggonku
nggolek ilmu
Ana
sing kuru ana sing lemu
Ana
sing meneng ana sing seneng ngguyu
Apa Kene Bakalan Mati
Dening
: Ayodhya Premitha S.
Apa kene bakalan mati?
Kececer getih, semeleh
pasrah
Ketekek tali, gamantung
lemes
Kesiram banyu, ngawang
awang
Apa
kene bakalan mati?
Sakwise
cebloke
Saklembare
wulu
Isa
malikna sakubahane bentengmu
Apa kene bakalan mati?
Yen ora ana keluarga
ing tengenmu
Ora ana kanca ing
kiwomu
Sanyoso
Ora ana Gusti Allah ing
dhuwurmu
Lemah,
awakmu mikir ora isa
Ngapusi,
awakmu mikir ora nduwe sopo-sopo
Duroko,
awakmu mikir Gusti Allah ora ana
Ya, awakmu bakalan mati
Lan awakmu bakalan
getun marang sak lembare wulu iku
Sakwise awakmu
ninggalno donya
Banjur ketemu marang
Gusti kang Kuasa
Jihadku
Dening
: Bagus Ahmad Ramadhan
Jihad kui bukti tresna
marang agama
Jihad kui japaran saka
usaha
Jihad ora mung perang,
katah liyane
Senajan awake dewe pelajar
Sinau ingkang sregep,
kui sampun kalebu jihad
Jihad ora mung nenteng
senjaa
Kerja sing giat, kangge
nenteng masa depan
Senajan enteng menawi
dikumandangke
Nanging abot ganjarane
Jihad
kelakon amarga niat
Niat
kang tulus nglakoni jihad
Jihad
ora kudu netesake getih
Netesake
ringet, kui sampun kalebu jihad
Gedhe
cilike niat kangge jihad
Menawi
niat saking sajroning ati
Sampun
diitung kedados jihad
Omah
Dening : Chika Avianda Putri
Kanggoku omah tetep wae omah
Panggonku bali paling tentrem
Ngasokaken ragaku
Sing pegel ngelakoni pakaryan
Awit cilik nganthi gedhe
Mesthi omah panggonan paling
tak trisnani
Kenangan sing ora bisa tak
lilangna
Nganti wis kliwat umurku
Nututi rahmat-Mu
Dening
: Dyah aulia
Sak jroning sepi kula
nyuwun
Ngitung dosa ing jero
ati
Rumangsa getun ing
sajadah
Ngelingi wektu terus
mlaku
Urip
ing dunya anyar kaping telu
Isih
dawa sing kudu dilakoni
Rumangsa
getun wuwit ilang
Amarga
sing kuasa karasa adoh
Sak adoh-adohe sing
kuasa tak goleki
Kanthi ati lan ambegan
ngos-ngosan
Mbok menawi jeritan
jiwa iki panjenengan piringaken
Duh.. Ya robb sing Maha
Jalal
Sak
jroning menenge sujud iki
Karo
sesake pecut jero ati
Antara
wis seneng lan siksa sing ngenteni
Kuserahno
urioku marang robbul izzati
Uculna siksa saka
uripku
Tutupen dosa saka
manise bujuk rayu
Ilangna kabeh kangen
kajaba marang Maha Kuasa
Supaya enteng ambekan
iki nyebut asmamu
Kanca Dhewe
Dening : Erdham Hestiadi
Kanca Kuwi…..
Mesthi ono nang uripe
awak dhewe
Piliha kanca seng becik
uga
Ora butuh diomongi
mesti krungu
Yen luput aweh piweling
Tansah aweh pitulung
Tanggung jawab yen onok
apa-apa
Tansah tentrem guyub
rukun
Nadyan…..
Takdir bakal misahake…
Lintang
Dening
: Faizur Rahmatin
Lir Sumilir bayu ning
surga
Iling pisan ana banyu
kang nyegera jiwa
Ndunyo iku mung sepira
Tansah semrawut lan
kebak dusa
Akeh wong sing
rangerti, melbu surga iku gampang
Namung sholat lan dunga
marang gusti Allah, tinimbang
Grusa-grusu golek
lintang sing ora isa ngabulna dunga
Lilin Tengah Wengi
Dening
: Fitri Natalia
Rina gumanti lelawan
wengi
Wengi kang kebak
pepeteng
Pepeteng kang mbutohake
cahya
Cahya kang bisa aweh
pepadhang
Ing
setengahe peteng iki aku nemu saktitik cahya
Cahya
cilik kang bisa madhangi aku
Cahya
lilin cilik kang bisa madhangi
Kang
bisa kanggo pedhoman
Pedhoman
kanggo terus mlangkah ing kapetengan
Pedhoman
kanggo terus mlangkah saka keputusasaan
Lilin
Dening
: Gio Vani Miftahul Huda
Aja kok anggep aku
mingla lilin
Mung Koktakokake nalika
ilange cahya
Nanging yen cahya
tumeka, aku sirna
Kekiwa
Aja kaya ngono
Nadyan aku lila
menehake ragaku
Kanthi pepadhangmu tak
jaluk
Tetep dadi rina
Sing tansah rerantengan
klawan wengi
Endahe Dunya
Dening :
Heni Asnawati
Pinaring dening Gusti
kan agung
Endahe dunya sing
nengsemake
Ndadekake menungsa lali
penciptane
Amargo ngalur ngidul
nggolek rezeke lali kewajibane
Tinuju niku Gusti Allah
ngelingake
Ibadah lan usaha niku
sing ndamel kesenengan kang ora ono gantine
Kudu
dingerteni yen ning dunya niku lamung sedela
Mati
niku mesti
Surga
niku mesti
Neraka
yo mesti
Mula
niku aja kabujuk karo endahe dunya
Dunya
niku lamung sedela, akhirat sing bakal salawase
Lilin ing Tengah Wengi
Dening
: Hilda Rosyida
Nalika wengi teka
Dunyo peteng ra ana
surya
Nanging kabeh butuh
cahya
Kabeh isa asal ngupaya
Yen
lampu ora kena
Lilin
isih ana
Nadyan
cilik nanging bisa
Njalari
wong sing sungkawa
Dadi
suka
BAPAKKU
Dening
: Intan Mia Permata Sari
Panjenengan sing
kawitan gendhong aku
Panjenengan sing
kawitan ngudang aku
Panjenengan seng
kawitan nulungi aku yen kesusahan
Panjenengan uga sing
tansah awih pitutur marang aku
Bapak
ora tau sambat pegel nalika nyambut gawe
Kabeh
asile mung kanggo ibu lan aku
Bapak
wus bungah yen mirsani aku bungah
Nadyan
terkadang penggalih kebak susah
Ibu
Dening
: Isna Sasmita N.O.F
Sawijine dina aku
ngendhamana
Awan bengi tansah susah
Amarga tugasku durung rampung
Ananging ibuku tansah
semending
Ibuku gawe tentreme
atiku lenthi donga-dongane
Ibuku wanita utama
Wis tansah sabar mring
aku
Ibuku wanita utama
Sing tansah ngilingake
selabuhe lakuku
Adhikku
Dening
: Maharani Luthfiah C.N.
Adhiku
Sak bandhel-bandhele
awakmu
Yen aku ngamuk
Aja’a kon iku wedi karo
aku
Adhiku
Sak susahe uripmu
Yen kon njaluk
tulung, bakal dhak tulung!
Aja’a kon iku sungkan karo aku
amarga aku mbakmu
Adhiku
Ngertia, aku tresna
awakmu
Sak sibuk-sibuk e
awakku, ngertia! Kon isih ana ing njero atiku
Senja
Dening
: M. Arif Rahman
Iki langit ayu ing
wayah sore
Pewarna ati kang
nyenengake
Kanggo jiwa lan ragamu
dhewe
Nanging,
Kabeh iku mung hiburan
Ilang,
Ninggalno angen
IBU
Dening
: M. Bagus Hartawan Ilhami
Ibuku sing dak tresnoni
Lelabuhan dudu tanpa
alangan
Kanggo nyenthake akehe
katresnan
Katresna sing ora bisa
dak gambar
Awit
piranti gambarku kantun
Ora
bisa nadhingi akehe katresnanmu
Ibu,
aku tresno tenan
Nadyan
katresnanku mung setithik
Yen katimbang klawan
katresnanmu
Ibu sing wis ngalirake
aku
Sing tansah sabar
ngadepi polahku
Lan uga tansah
mangapurani dedosaku
Pangarepku
Dening
: M. Sulton Imam Puro
Saya suwea uripku
kelingan
Marang para kanca
Kekancan tanpa mung ana
butuhe
Adohe jarak lan suwene
wayah
Ora bisa misahke kita
Pangarepku kekancan Iki
Tetep langgeng nganti
tinuwa
Geguritanku
Dening
: M. Taufiq Akbar
Geguritanku..
Tanpa makna..
Tanpa isi..
Tanpa crito..
Nanging siji sing arep
tak elingke,
Jogo tiang agama.
Amarga dunyo uwis tuwo.
Karibku
Dening
: Nabilah Najdatul M. K.
Ora ana tembung sing
pas
Gawe nyuntak rasa
kangenku
Gawe nyuntak rasa
susahku
Amarga wis suwe kene
ora ketemu
Tapi yen wis ketemu,
Ora ana wektu sing pas
Wektu kang suwe kerasa sedela
Ora ana sing pas
Yen kuwi ngenani awakmu
Apik e Ucapmu yen Ana Aku
Dening : Putri Febyanti Setya Darma
Apa wis ilang tresnamu
Tresna marang aku
Marang aku unggah ungguh basa sing diucap
Ora digawe, banjur, dilalikakae
Lara aku
Rumangsa
ilang, nanging ana
Rumangsa
ana, nanging ora dikarepake
Aku tau
dadi sing utama
Dianggep
wigati lan dibutuhno
Aku
nggambarake apik e ucapmu
Nanging apa
iki??
Aku
kaya-kaya sirna saka ati lan pikiranmu
Awakmu butuh aku
Aku apik kanggo awakmu
Aja lalikake aku
Aku ing kene.. kangge apik e pangucapmu
Payambung Uripe Manungsa
Dening : R Zhenia Islami W.
Sang bagaskoro wis metu
saka pucuk gunung
Sumilir angin
Swara manuk sesautan
Mratandhani tekane isuk
Atiku
gemeter
Ndeleng
pari wis padha ndingkluk
Ndingkluke
dudu perkoro isin
Nanging
Dhewekke
ngilangno rasa gumedhe
Nggawe klambi kuning
Sing tandhane wis
wancine
Wis siap dadi
panyambung uripe panguripan
Sapa maneh yen dudu
manungsa?
Ibu
Dening
: Retno Pembayun
Paduka punika abdi
Dalem ingkang tansah ngurus
kawula
Sampeyan ngurus kula
kanthi seneng lan tulus
Lan mundhakaken kula
kanthi
Tanpa perasaan sambat
Sanajan sampeyan
kadhangkala aran kesel
Nalika mundhakaken lan
ngrawat kula
Nanging sampeyan ora
tau ngeluh,
Sampeyan ibuku
Lilin Lampu Jagad
Dening : Rifqi Farid Maulana
Lilin...
Cilik wujudmu
Ananging gedhe paedahmu
Aku pengen bisa nuladha tumindakmu
Madhangi kang butuh pepadhang
Nadyan cahyamu ora sepirua padhang
Ananging cahyamu migunani tumrap panguripan
Bapak
Dening :
Satryo Pambudi
Kangenku sajroning sepi
Tuwuh nalika arep panen padi
Nanging kangenku amung lan rasa
Aku ijen kudu mencaki dalan dhewe
Kamangka aku dereng ngerti putih
irenge dalan sing nate kok warake
Aku kudu kepriye
Mugo Gusti paringi pitulunge
Amrih uripku kebak berkahe
Kaluwarga
Dening
: Shely Prilya Swasti
Katresnananku ora bakal
ucul saka atiku
Esem endah tansah
ngobong semangatku
Ibu kang tansah
midhangetna sesambatku
Bapak kang tansah
nyukupi sesambatku
Dulur kang tansah
nyenengake atiku
Wektu aku adoh saka
dheweke kabeh, aku kesepenan
Katresnanan dheweke
kabeh, luwih saka sakkabehe
Kaluwargaku....
Pancene
kita ora sugih bandha, nanging
Kita
luwih endah saka kabeh iku
Kaluwargaku....
Awehana awakku iki yen
tau ngelarani
Awehana sepura aku seng
tansah nggawe beban

Dening
: Shobri Arnanta
Ngangsu kawruh
kui sing genah
Aja mandheg lan
terus pasrah
Pancen akeh
pacoban
Ayo sengkut aja
nganti kleleran
He
kanca aja kakehan dolan
Pikirna
uga pelajaran
Sekolaha
sing temenan
Mbesok
yen gedhe bisa ngrengkuh kamulyan
Pendhihikan
Kanggo
jagane masa depan
Pancen
butuh pengorbanan
Ayo
cepet diwujudna
Aja
nganti kokiwakna
Kanca Lawas
Dening
: Tessa Indira F.
Kilingan kahanan
Ningendi
Cedak karo kowe kabeh
Mung sakjarak jangka
Oralah
saiki bedo?
Kadhangkala
kukangeni angger masa
Dino
dino karo konco lawas
Oralah saiki bedo?
Sebuah rencana
Akan dadi siyo siyo
Kabeh beralasan sing
podho
Bumine Wes Tuwa
Dening : Yanuarista Cahyaningrum
Bumi iku sejatine wes tuwa
Endahe saya suwe san saya sirna
Lho kepriye?
Pancen manungsane san suwe san saya ngrembaka
Wis cetha, manungsa saya maju pamikire
Nanging, maju uga rasa serakahe
Wit-wit
tinegor tanpa sisa
Alas-alas
diobong
Lemah-lemah
tanpa tanduran
Samubarang bisa doyan
Ayo para kanca
Ngruleti bumi sing wis tuwa
Nglestarikake amrih anak putu bisa ngrasa
Uga bisa ngrasakake endahe donyo
Wakil Rakyat
Dening
: Yudha Arif Budiani
Mosok ngene kerjane
wakil rakyat?
Sing senengane
tura-turu wae pas wayah rapat
Mosok ngene kerjane
wakil rakyat?
Sing malah ndadekake
negara dadi bujat
Apa kowe gak sadar?
Apa kowe gak wedhi?
Di sumpah karo kitab
suci lho iki
Pancen enak anggonmu
nglakoni korupsi
Amarga undang-undang
kabeh kowe sing ngurusi
Nentukno hukuman lan
sakbalane iya kowe sing ngurusi
Minangka rakyat protes
Hukuman korupsi diganti
dadi hukuman mati
Kowe malah nggolek
alasan sing ora mbetahi
Alasane hukuman mati
iku ngalanggar hak asasi
Eh…Pancen pikiranmu iki
wis ora mbejaji
Ora Bakal Bali
Dening
: Zhafarina Zatalini
Rina nganti gumanti
wengi
Nanging dheweke isih
Nangisi wong sing
Ora bakal bali
Yen
wis ora ana
Lagi
bisa krasa
Yen
isih ana
Ora
kaanggep anane
Pancene manungsa
Ora nduwe rasa
Syukur marang
Gusti Alloh
Comments
Post a Comment