MAKALAH ADAT JAWA - SEDEKAH BUMI (MANGANAN)
SEDEKAH
BUMI (MANGANAN)
A. Sedekah Bumi (Manganan)
Manganan yaiku salah siji tradisi ingkang wonten dating
Tuban, Jawa Timur. Acara iki diadakake saben taun. Yen dideleng sekilas,
tradisi iki mung kaya sarapan bareng ing daerah pemakaman utawa kuburan.
Nanging, sejatine, ing sajrone tradisi iki, ngamot unsur kekeluargaa,
spiritual, lan kepercayaan masyarakat ing saben susunan acarane.
Manganan diadakake saben taun dimulai
ing dina kamis kliwon ing bulan akbar (Bulan Haji). Kacek seminggu, ing kamis
selanjute, diadakake acara serupa nanging beda area pemakamane. Contohipun,
Desa Semanding, Kamis pertama daten pemakaman Bejagung Kidul, minggu kaping
kalih dateng Bejagung Lor, lan sateruse nganti kabeh area pemakaman dikunjungi.
B.
Pelaksanaan
Tradisi iki
dilaksanaake ing wayah isuk. Para warga pada rawuh lan nggowo tikar ingkang
didadekake alas lan nggowo bakul kang diisi panganan panganan ingkang sampun
disiapake sadurunge. Ing pelaksanakane, kabeh masyarakat desa bakal ngumpul
dadi siji ing sebuah makam sing digunakake dadi panggon berlangsunge tradisi
kuwi. Sakwise ngumpu, sekabihe podo nggelar tikar lan ndeleh bakul ingkang
isine panganan mau. Sedurunge acara dimulai, mereka ngewenehi semacem sumbangan
ingkang kawujud duwik (anggarane mboten ditentukake). Sumbangan kasebut
bakal digunakake gawe ngewangi pembangunan desa. Sakwise iku, pewaca doa
melafalake dungo nggae 2 bahasa (arab lan jawa). Sakwise manungku puja, kabeh
masyarakat ngetokake panganan lan mangan bebarengan serta padha andum panganan
siji karo liyone. Ing tradisi iku, kabeh warga desa melebur kabeh dadi siji
tanpa ndeleng perbedaan lapisan sosiale.
C.
Tata Cara
Acarane dimulai karo woconan doa kaliyan kyai
ing lingkunganmu. banjur dilanjutke
acara inti yaiku mangan bareng, panganan kang wis digawa masyarakat. Pas
acara iki kekeluargaan banget kerasa amerga ana akeh interakasi, kayata
omong-omongan antar warga. amerga kabeh warga gawa panganan, mesti wae akeh
sisa panganan sing ana. mulane panganan dibagiake marang warga lan ing kene
ijol-ijolan panganan kedaden. Kadang, acara diteruske keseniaan khas Tuban
yaiku Tayub/Sindir. Nanging iku ora mesti dilakokne sakwise manganan.
D. Amanat
Tradisi
sedekah bumi utawa manganan punika tradisi kang dilakokne saben taun dening
para warga desa kula. Tradisi iki katuju supaya kita tansah bersyukur kaliyan
nikmat kang sampun diparingkake marang kita. Yen didelok tradisi iki rada
kurang trep amarga dilakokne ing makam. Nanging, sedekah bumi niki wes tradisi
sing turun temurun ing desa kula, mula dilakokne ing makam. Tradisi iki
minangka pangiling yen kita mboten pareng sombong lan mboten lali bersyukur yen
diwenehi nikmat kaliyan Gusti Allah.
Comments
Post a Comment